30 April 2009

Salah Mlebu

Bawor kebelet nguyuh, saking kebelet’e banjur mlayu maring toilet. Tekan ngarep toilet Bawor kepethuk karo bocah wadon sing nembe metu sekang njero toilet. Lah bocah wadon sing jenenge Mawar kuwe dadi kaget semu gumun. Mawar banjur takon. “Kang, rika arep ngapa? Deneng kemrungsung temen”. Bawor njawab “Enyong agi kebelet nguyuh kiye War. Minggir disit lah, enyong arep mlebu!”. Lho kang, kiye kan toilet nggo wong wadon” ujare Mawar karo nuduhna tulisan “Toilet Wanita” nang dhuwur lawang. “Lah ngapa sih angger kiye Toilet Wanita?” Bawor protes. Mawar banjur ngomongi Bawor “Kiye kan Toilet Wanita kang, dadi di enggo wong wadon”. Saking ora sranta nahan kebelet nguyuh, Bawor ngomong “Kiye be di enggo wong wadon!” karo nunjuk ngisor wudel’e …….. :-p